Kamis, 18 September 2014

ngawiti ingsun nglaras syi'iran
kelawan muji maring pengeran
kang paring rahmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan

duh bolo konco priyo wanito
ojo mung ngaji syariat bloko
gur pinter dongeng nulis lan moco
tembe burine bakal sangsoro

akeh kang apal quran hadise
seneng ngafirke marang liyane
kafire dewe dak digatekke
yen isih kotor ati akale

gampang kabujuk nafsu angkara
ing pepahese gebyare dunya
iri lan meri sugihe tangga
mula atine peteng lan nesto

Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngendelakke iman tauhide
Baguse sangu mulya matine

Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku toreqot lan ma'rifate
Uga haqeqot manjing rasane

Alquran qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis isoh dimoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo

Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman

Kelawan Alloh kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking Pengeran

Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang padho rukun ojo daksio
Iku sunahe rasul kang mulya
Nabi Muhammad panutan kito

Ayo lakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate

Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone
Utuh mayite ugo ulase

0 komentar:

Posting Komentar